Suluk Gatholoco Pupuh III

Lanjutan Suluk Gatholoco.

PUPUH III, Sinom

1. Gatholoco nulya ngucap, Dhalang Wayang lawan Kêlir, Balencong êndi kang tuwa, badhenên cangkriman iki, yen sira nyata wasis, mêsthi wêruh ingkang sêpuh, Ahmad Ngarip ambatang, Kêlir kang tuwa pribadi, sadurunge ana Dhalang miwah Wayang.Gatholoco lantas berucap, Dalang Wayang serta Kelir, Balencong mana yang tua, tebaklah teka-teki ini, bila kalian nyata pintar, pasti tahu yang tua, Ahmad Ngarip menebak, Kêlir yang tua sendiri, sebelum ada Dalang serta Wayang.
2. Balencong durung pinasang, Kêlir ingkang wujud dhingin, wus jumênêng keblat-papat, ngisor têngah lawan nginggil, mila tuwa pribadi, Abdul Jabar asru muwus, Heh Ahmad Ngarip salah, pambatangmu iku sisip, panêmuku tuwa dhewe Kaki Dhalang.Balencong belum dipasang, Kêlir yang ada dulu, sudah berdiri kiblat empat, bawah tengah dan atas, makanya tua sendiri, Abdul Jabar berkata lantang, Heh Ahmad Ngarip salah, tebakanmu itu keliru, menurutku paling tua Kaki Dalang.
3. Anane Kêlir lan Wayang, kang masang Balencong sami, Wayang gaweyane Dhalang, mulane tuwa pribadi, tan ana kang madhani, anane Dhalang puniku, ingkang karya lampahan, nyritakake ala bêcik, asor unggul tan liya saking Ki Dhalang.Adanya Kelir dan Wayang, yang memasang Balencong juga, Wayang buatannya Dalang, makanya tua sendiri, tak ada yang menyamai, adanya Dalang itu, yang menjalankan kisah, menceritakan buruk baik, kalah menang tak lain adalah Ki Dalang.
4. Nulya Kyai Abdul Manap, nambungi wacana aris, Karo pisan iki salah, padha uga durung ngêrti, datan bisa mrantasi, tur remeh kewala iku, mung nalar luwih gampang, ora susah nganggo mikir, sun ngarani tuwa dhewe Wayang-ira.Lantas Kyai Abdul Manap, menyahut dengan pelan, Kalian berdua itu salah, sama juga belum paham, tak bisa selesaikan, padahal remeh teka-teki itu, hanya nalar lebih mudah, tak perlu pakai mikir, menurutku paling tua Wayang-nya.
5. Upama wong nanggap Wayang, isih kurang têlung sasi, Dhalange pan durung ana, panggonanane durung dadi, wus ngucap nanggap Ringgit, tutur mitra karuhipun, sun arsa nanggap Wayang, ora ngucap nanggap Kêlir, ora ngucap nanggap Balencong lan Dhalang.Seumpama orang nanggap Wayang, masih kurang tiga bulan, Dalangnya kan belum ada, tempatnya belum jadi, sudah mengucap nanggap Wayang, memberitahu teman kerabat, aku akan nanggao Wayang, tidak mengucap nanggap Kelir, tak mengucap nanggap Balencong dan Dalang.
6. Wus mupakat janma kathah, kang tinanggap apan Ringgit, durung paja-paja gatra, wus muni ananggap Ringgit, mila tuwa pribadi, Gatholoco alon muwus, Abdul Jabar Dul Manap, tanapi si Ahmad Ngarip, têlu pisan pambatange padha salah.Sudah sepakat orang semua, yang ditanggap adalah Wayang, belum ada wujudnya, sudah dikabarkan nanggap Wayang, makanya tua sendiri, Gatholoco pelan berkata, Abdul Jabar Dul Manap, apalagi si Ahmad Ngarip, ketiga kalian tebakannya semua salah.
7. Yen mungguh pamêtêkingwang, Balencong tuwa pribadi, sanajan Kêlir pinasang, gamêlan wus miranti, Dhalang niyaga linggih, yen maksih pêtêng nggenipun, sayêkti durung bisa, Dhalange anampik milih, nyritakake sawiji-wijining Wayang.Jika menurut pendapatku, Balencong tua sendiri, walaupun Kêlir terpasang, gamelan sudah ditata, Dalang nayaga duduk, jika masih gelap tempatnya, pasti belum bisa, Dalang memilah memilih, menceritakan satu-persatunya Wayang.
8. Kang nonton tan ana wikan, marang warnanira Ringgit, margane isih pêtêngan, ora kêna den tingali, yen Balencong wus urip, kanthar-kanthar katon murub, Kêlire kawistara, ing ngandhap miwah ing nginggil, kanan kering Pandhawa miwah Kurawa.Yang menonton tak bisa melihat, ke warnanya Wayang, karena masih gelap, tak bisa untuk dilihat, jika Balencong sudah hidup, menyala-nyala terlihat terang, Kelirnya tampak, di bawah dan di atas, kanan kiri Pandhawa serta Kurawa.
9. Ki Dhalang neng ngisor damar, bisa nampik lawan milih, nimbang gêdhe cilikira, tumrap marang siji-siji, watake kabeh Ringgit, pinatês pangucap-ipun, awit pituduhira, Balencong ingkang madhangi, pramilane Balencong kang luwih tuwa.Ki Dalang di bawah lampu, bisa milah dan milih, nimbang besar kecilnya, untuk tiap satu-satu, watak semua Wayang, menyesuaikan ucapnya, sebab petunjuknya, Balencong yang menerangi, karenanya Balencong lebih tua.
10. Dene unining gamêlan, Wayange kang den gamêli, Dhalange mung darma ngucap, si Wayang kang darbe uni, prayoga gêdhe cilik, manut marang Dhalangipun, sinigêg gangsa ika, Kaki Dhalang masesani, nanging darma ngucap molahake Wayang.Sedangkan bunyi gamelan, Wayangnya yang digameli, Dalang hanya sekedar mengucap, si Wayang yang punya ucap, apakah besar kecil, menuruti kehendak Dalangnya, berhentinya gamêlan, Kaki Dalang berkuasa, tetapi sekadar mengucap memainkan Wayang.
11. Parentahe ingkang nanggap, ingkang aran Kyai Sêpi, basa Sêpi Tanpa Ana, anane ginêlar yêkti, langgêng tan owah gingsir, tanpa kurang tanpa wuwuh, tanpa reh tanpa guna, ingkang luwih masesani, ing solahe Wayang ucape Ki Dhalang.Perintahnya yang nanggap, yang bernama Kyai Sepi, kata Sepi Tidak Ada, adanya digelar pasti, langgeng tak berubah, tak kurang tak tambah, tanpa kehendak tanpa sifat, yang lebih berkuasa, pada gerak Wayang dan ucapan Ki Dalang.
12. Ingkang mêsthi nglakonana, ingkang ala ingkang bêcik, kang nonton mung ingkang nanggap, yeku aran Kyai Urip, yen damare wus mati, kabeh iku dadi suwung, tan ana apa-apa, lir Ingsun duk durung lair, têtêp suwung ora ana siji apa.Yang harus melakukan, yang jelek yang baik, yang menonton hanya yang nanggap, yaitu bernama Kyai Urip, jika lampunya telah mati, semua itu jadi kosong, tidak ada apa-apa, seperti Aku belum lahir, tetap kosong tak ada satu pun.
13. Basa Kêlir iku Raga, Wayange Suksma Sujati, Dhalange Rasul Muhammad, Balencong Wahyune Urip, iku upama Widdhi, Cahyane Urip puniku, nyrambahi badanira, jaba jêro ngandhap nginggil, Wujudira Wujude Allah Kang Murba.Sedangkan Kelir itu Raga, Wayangnya Suksma Sejati, Dalangnya Rasul Muhammad, Balencong Wahyunya Hidup, itu umpama Widdhi, Cahayanya Hidup itu, meratai tubuhmu, luar dalam bawah atas, Wujudmu Wujudnya Allah Yang Kuasa.
14. Yen Wayang mari tinanggap, Wayange kalawan Kêlir, sinimpên sajroning kothak, Balencong pisah lan Kêlir, Dhalang pisah lan Ringgit, marang ngêndi paranipun, sirnane Blencong Wayang, upayanên den kêpanggih, yen tan wêruh sira urip kaya rêca.Jika Wayang selesai ditanggap, Wayangnya beserta Kelir, disimpan di dalam kotak, Balencong pisah dengan Kelir, Dalang pisah dengan Wayang, ke mana perginya, sirnanya Balencong dan Wayang, usahakan hingga ketemu, jika tak tahu kalian hidup seperti arca.
15. Benjang yen sira palastra, urip-mu ana ing ngêndi, saikine sira gêsang, pati-mu ana ing ngêndi, uripmu bakal mati, pati nggawa urip iku, ing ngêndi kuburira, sira-gawa wira-wiri, tuduhêna dununge panggonanira.Kelak jika kalian mati, hidup-mu ada di mana, sekarang kalian hidup, mati-mu ada di mana, hidupmu bakal mati, mati membawa hidup itu, di mana kuburmu, kalian bawa kesana-kemari, tunjukan tempat kediamanmu.
16. Guru tiga duk miyarsa, anyêntak sarwi macicil, Rêmbug gunêm ujarira, iku ora lumrah janmi, Gatholoco nauri, Dhasar sun-karêpkên iku, aja lumrah wong kathah, ngungkulana mring sasami, ora trima duwe kawruh kaya sira.Guru tiga saat mendengar, membentak sambil melotot, yang kamu katakan, itu tak lumrah orang, Gatholoco menyahut, dasar aku maunya itu, jangan lumrah orang banyak, lampaui sesama, tak mau punya ilmu seperti kamu.
17. Santri padha ambêk lintah, ora duwe mata kuping, anggêre amis kewala, cinucup nganti malênthing, ora ngrêti yen gêtih, gandane amis tur arus, kinira madumangsa, yen wus warêg mangan gêtih, amalêngkêr tan mêtu nganti sawarsa.Santri sama dengan lintah, tak punya mata telinga, asal mencium amis, dihisap sampai gembung, tak tahu itu darah, baunya amis dan busuk, dikira madu, jika sudah kenyang makan darah, meringkuk tak keluar sampai setahun.
18. Wêkasan kaliru tampa, tan wruh têmah ndurakani, manut kitab mêngkap-mêngkap, manut dalil tanpa misil, amung ginawe kasil, sinisil ing rasanipun, rasa nikmating ilat, lan rasane langên rêsmi, rasanira ing kawruh ora rinasa.Akhirnya salah terima, tak tahu malah berbuat dosa, ikuti kitab mentah-mentah, ikuti dalil tanpa memaknai, hanya dipakai hasil, dicecap di rasa, rasa nikmat di lidah, dan rasanya berenang asmara, rasamu dalam ilmu tak terasakan.
19. Têtêp urip tanpa mata, matamu mata soca pring, matamu tanpa paedah, matamu tan migunani, Kyai Guru mangsuli, muring-muring asru muwus, Apa sira tan wikan, mring mataku loro iki, Gatholoco sinaur Sireku bêja.Tetap hidup tanpa mata, matamu mata mripat bambu, matamu tanpa manfaat, matamu tak berguna, Kyai Guru menjawab, mencak-mencak meraung keras, Apa kamu tak lihat, ke mataku dua ini, Gatholoco menjawab, kamu itu untung.
20. Dene padha duwe mata, loro-loro guru siji, apa sira wani sumpah, yen duwe mata kêkalih, Guru tiga nauri, Dhasar sayêktine ingsun, têtela duwe mata, têtêp loro mata-mami, Gatholoco gumujêng sarwi anyêntak.Rupanya pada punya mata, dua-dua guru satu, apakah kalian berani sumpah, kalau punya dua mata, Guru tiga menjawab, sungguh benar aku, nyata punya mata, tetap dua mataku, Gatholoco tertawa sambil membentak.
21. Sireku wani gumampang, sayêkti balak bilahi, ngaku dudu matanira, sun-lapurkên pulisi, mêsthine den taleni, angaku loro matamu, yen nyata matanira, konên gilir gênti-gênti, prentahana siji mêlek siji nendra. Kalian itu berani menggampangkan, sungguh balak celaka, ngaku bukan matamu, aku laporkan polisi, pasti diikat, ngaku dua matamu, kalau benar matamu, coba gilir bergantian, perintahkan satu melek satu tidur.
22. Dadi salawasmu gêsang, ora kêna dimalingi, Guru tiga samya ngucap, Êndi ana mata gilir, Gatholoco nauri, Tandhane nyata matamu, sira wênang masesa, saprentahmu den turuti, yen tan manut yêkti dudu matanira.Jadi selama hidupmu, tidak bisa dimalingi, Guru tiga sama ngucap, Mana ada mata giliran, Gatholoco menjawab, tandanya nyata matamu, kalian berwenang menguasai, setiap perintahmu dituruti, jika tak menurut nyata bukan matamu.
23. Guru tiga samya mojar, Aku wani sumpah yêkti, awit cilik prapteng tuwa, tan pisah lan raimami, Gatholoco mangsuli, Dene sira wani ngaku, matamu ora pisah, mata olehmu ing ngêndi, apa tuku apa gawe apa nyêlang.Guru tiga pada berujar, Aku berani sumpah sungguh, sejak kecil hingga tua, tak pisah dengan wajahku, Gatholoco menjawab, apasebab kamu berani ngaku, matamu tidak pisah, mata dapatmu dari mana, apa beli apa bikin apa pinjam.
24. Apa sira winewehan, iya sapa kang menehi, kalawan saksine sapa, dina apa aneng ngêndi, Guru tiga miyarsi, dhêlêg-dhêlêg datan muwus, wasana samya ngucap, Gaweyane bapa bibi, Gatholoco gumuyu alatah-latah. Apakah kalian diberi, iya siapa yang memberi, dan saksinya siapa, hari apa di mana, Guru tiga mendengar itu, terbengong-bengong tanpa menjawab, akhirnya pada berkata, Buatan Bapak Ibu, Gatholoco tertawa terbahak-bahak.
25. Kiraku wong tuwanira, loro pisan padha mukir, karone ora rumasa, gawe irung mata kuping, lanang wadon mung sami, ngrasakake nikmatipun, iku daya jalaran, wujude ragamu kuwi, ora nêja gawe rambut kuping mata.Perkiraanku orangtua kalian, keduanya akan membantah, keduanya tak merasa, bikin hidung mata telinga, laki dan perempuan hanya sama, menikmati rasanya, itu hanya lantaran, wujud ragamu itu, tak sengaja bikin rambut telinga mata.
26. Guru tiga nulya mojar, Allah Ingkang Maha Suci, ingkang karya raganingwang. Gatholoco anauri, Prênah apa sireki, kalawan Kang Maha Luhur, dene ta pinaringan, mata loro kanankering, têlu pisan pinaringan grana lesan.Guru tiga lantas berkata, Allah Yang Maha Suci, yang membuat raga kami, Gatholoco menyahut, hubungannya apa dengan kalian, dengan Yang Maha Luhur, koq kalian diberi, mata dua kanan kiri, tiga kali diberi hidung mulut
27. Guru tiga saurira, Katrima pamuji-mami, Gatholoco asru nyêntak, Pujimu pujining Widdhi, sira ora nduweni, marang pangucap sadarum, iku ucaping Allah, yen mangkono sira maling, wani-wani kadunungan barang gêlap.Guru tiga menjawab, diterima doa kami, Gatholoco keras membentak, doamu milik Widdhi, Kalian tidak memiliki, terhadap ucapan kalian, itu ucapan Allah, kalau begitu kalian maling, beraninya ketempatan barang gelap.
28. Yen tan bisa ndunungêna, kajêdhêgan ingkang dhiri, mêsthine dadi sakitan, ora kêna sira mukir, mêloke wus pinanggih, têka ngêndi asalipun, yen asale tan wikan, matanira loro kuwi, ora kêna angukuhi matanira.Jika tak bisa menempatkannya, kalian patut dipersalahkan, mestinya jadi pesakitan, tak bisa kamu mungkir, jelas telah ketemu, darimana asalnya, jika asalnya tak tahu, mata kalian dua itu, maka tak boleh mengakui sebagai matamu.
29. Sakehing reh lakonana, yen tan manut Sun gitiki, jalaran sira wus salah, kajêdhêgan sira maling, lah iku duwek Mami, sira anggo tanpa urus, saikine balekna, ilange duk Jaman Gaib, Ingsun simpên ana satêngahing jagad.Semua perintah lakukanlah, jika tak menurut Ku kelitiki, sebab kalian telah salah, terbukti kamu maling, lah itu punya Aku, kamu pakai tanpa urus, sekarang kembalikan, hilangnya di Jaman Gaib, Aku simpan di tengah jagad.
30. Saksine si Wujud Makna, cirine rina lan wêngi, Ingsun rêbut tanpa ana, saiki lagya pinanggih, sira ingkang nyimpêni, santri padha tanpa urus, yen sira tan ngulungna, sun lapurake pulisi, ora wurung munggah ing rad pêngadilan.Saksinya si Wujud Makna, cirinya siang dan malam, Aku rebut tiada ada, sekarang baru ketemu, kamu yang menyimpannya, santri tidak benar, jika kamu tak kembalikan, ku laporkan polisi, tak urung naik perkara di pengadilan.
31. Mêsthi sira kokum pêksa, yen wêngi turu ning buwi, lamun rina nambut karya, sabên bêngi den kandhangi, beda kalawan mami, salawase ngong tumuwuh, sadurunge tumindak, ingkang daya sêja-mami, agal alus kasar lêmbut ingsun nalar. Pasti kamu dihukum paksa, jika malam tidur di bui, jika siang berangkat kerja, tiap malam dikandangi, beda dengan aku, selamanya bertumbuh, sebelum bertindak, yang kuat keinginanku, vulgar halus kasar lembut pasti aku pikir.
32. Murih aja dadi salah, Ahmad Ngarip anauri, Gunêman karo wong edan, Gatholoco amangsuli, Edanku awit cilik, kongsi mangke prapteng umur, ingsun tan bisa waras, sabên dina owah gingsir, nampik milih panganan kang enak-enak.Agar jangan jadi salah, Ahmad Ngarip menyahut, ngomong dengan orang gila, Gatholoco menjawab, Gilaku sejak kecil, hingga nanti usiaku tua, aku tak bisa sembuh, tiap hari gerak geser, menolak pilih makanan yang enak-enak.
33. Panganggo kang sarwa endah, ingsun edan urut margi, nurut margane kamulyan, Abdul Jabar muring-muring, astu sumaur bêngis, Rêmbugan lan asu buntung, Gatholoco angucap, Bênêr olehmu ngarani, sakrabatku bapa kaki buyut canggah. Busana yang semuanya indah, aku gila sepanjang jalan, ikut jalannya kemuliaan, Abdul Jabar mencak-mencak, lantas menjawab bengis, ngomong sama anjing buntung, Gatholoco berkata, Benar yang kamu sebutkan, sekerabatku bapak kakek buyut canggah.
34. Dhasare buntung sadaya, tan ana buntut sawiji, basa Asu makna Asal, Buntung iku wus ngarani, ingsun jinising janmi, ora buntut lir awakmu, balik sira wong apa, sira gundhul anjêdhindhil, apa Landa apa Koja apa Cina. Dasarnya buntung semua, tak ada ekor satupun, halnya Asu artinya Asal, Buntung itu sudah dikatakan, aku jenis manusia, tidak berekor seperti dirimu, sebaliknya kalian orang apa, kalian gundul licin, apa Belanda apa Koja apa Cina.
35. Apa sira wong Benggala, Guru tiga anauri, Ingsun iki bangsa Jawa, Muhammad agamamami, Gatholoco nauri, Sira wong kapir satuhu, Kristên agamanira, lamun sira bangsa Jawi, dene sira tan nêbut Dewa Bathara.Apa kalian orang Benggala, Guru tiga menjawab, Aku ini orang Jawa, Muhammad agama aku, Gatholoco menyahut, Kalian orang kapir sungguh, Kristen agamamu, Jika kamu bangsa Jawa, mengapa kamu tidak ikut Dewa Bathara.
36. Agama Rasul Muhammad, agamane wong ing Arbi, sira nêbut liya bangsa, têgêse sinipat kapir, tan sêbutmu pribadi, anggawe rusak uripmu, mulane tanah Jawa, kabawah mring liya jinis, krana rusak agamane kuna-kuna. Agama Rasul Muhammad, agamanya orang di Arab, kamu mengikuti bangsa lain, artinya bersifat kapir! tak ikuti pribadi, membuat rusak hidupmu, karenanya tanah Jawa, dijajah oleh bangsa lain, karena rusak agama lama-lama.
37. Wiwit biyen jaman purwa, Pajajaran Majapahit, wong Jawa agama Buda, jaman Dêmak iku salin, nêbut Rasulullahi, sêbute wong Arab iku, saiki sira tular, anilar agama lami, têgêsira iku Kristên bangsa Arab.Sejak dulu jaman permulaan, Pajajaran Majapahit, orang Jawa agama Buda, jaman Dêmak itu berganti, mengikuti Rasulullah, ajaran orang Arab itu, sekarang kalian tertular, meninggalkan agama lama, artinya itu Kristen bangsa Arab.
38. Guru tiga duk miyarsa, sru nyêntak sarwi nudingi, Gatholoco sira gila, Gatholoco anauri, Ingsun gila sayêkti, yen wêruh kaya dhapurmu, wêdi bok katularan, ora duwe mata kuping, kawruhira amung jakat lawan pitrah.Guru tiga begitu mendengar, keras membentak sambil menuding, Gatholoco kamu gila, Gatholoco menjawab, Aku memang gila, jika melihat orang sepertimu, takut kalau ketularan, tidak punya mata telinga, pengetahuanmu hanya zakat fitrah.
39. Kyai Guru tiga pisan, tyasnya runtik anauri, Nyata sira anak Jalang, Gatholoco amangsuli, Iku bênêr tan sisip, bapa biyung kaki buyut, kabeh kêna ing pêjah, lamun wis tumêkeng jangji, yêkti mulih mring asale padha Ilang.Guru tiga semua, dengan panas menyahut, Nyata kamu anak Jalang, Gatholoco menjawab, itu benar tak keliru, bapak ibu kakek buyut, semua kena mati, kalau sudah sampai saatnya, pasti pulang keasalnya semua Hilang.
40. Kiraku manawa sira, mêtu saking rêca wêsi, dene wujud tanpa nyawa, sira ora duwe budi, Kyai Guru nauri, samya misuh Truk biyangmu, Gatholoco angucap, Iku bangêt trima-mami, krana sira têlu pisan misuh mring wang.Kukira mungkin kalian, lahir dari arca besi, karena wujud tanpa nyawa, kalian tak punya budi, Kyai Guru menjawab, sama mengumpat Turuk biangmu, Gatholoco berkata, itu sangat aku terima, karena kalian bertiga mengumpati ke aku.
41. Sira nuduhake biyang, ingsun iki tan udani, duk lair saking wadonan, amung ingkang sun- gugoni, wong tangga kanan kering, bapa biyang ingkang ngaku, nganakake maring wang, iku ingkang sun-sungkêmi, nanging batin ingsun ora wani sumpah.Kalian menunjukkan biang, Aku ini tak yakin, apa benar lahir dari perempuan, hanya yang kupegangi, tetangga kiri kanan, bapak ibu yang ngaku, memperanakkan Aku, itu yang aku sungkemi, tetapi hatiku tak berani sumpah.
42. Iya iku bapa biyang, ingkang wêruh lair-mami, saikine sira bisa, nuduhake biyang-mami, wismane ana ngêndi, lawan sapa aranipun, amba-ciyute pira, duweke wong tuwa-mami, yen tau wêruh iku ujar ambêlasar.Iya itu bapak ibu, yang tahu lahirku, sekarang kalian bisa, menunjukkan biang Aku, rumahnya dimana, dan siapa namanya, lebar sempitnya berapa, punya orang tuaku, jika pernah lihat itu ujar palsu.
43. Krana ingsun nora wikan, wujude Ingsun saiki, mujud dhewe tanpa lawan, Allah ora karya mami, anane raga-mami, gaweyanira Hyang Agung, duk aneng alam dunya, ana satêngahing bumi, lawan sira kala karya raganira.Karena Aku tak ragu, wujudKu sekarang, mewujud sendiri tanpa lawan, Allah tak membuat Aku, adanya ragaku, buatannya Hyang Agung, saat di alam dunia, ada ditengah bumi, dan kalian waktu membuat badan kalian.
44. Sawindu lawan sawarsa, rolas wulan pitung ari, pêndhak pasar ratri siyang, saêjam sawidak mênit, ora kurang tan luwih, wukune mung têlung puluh, raganingsun duk daya, sarta wus wani nyampahi, wruhaningsun sanajan saiki uga.Sawindu serta Setahun, dua belas bulan tujuh hari, pendhak pasar malam siang, sejam enam puluh menit, tak kurang tak lebih, Wuku-nya hanya tiga puluh, ragaku punya daya, dan sudah berani menghin, penglihatanku meski sekarang juga.
45. Badanku kêna ing rusak, urip-mami wangawuhi, saobah-osiking badan, Rasulullah andandani, krana ingsun kêkasih, kinarya Pangeraningsun, marang sagunging sipat, nggêsangakên saliring tunggil, iya Ingsun iya Allah ya Muhammad.Badanku bisa rusak, Hidup-ku abadi, seluruh gerak tubuh, Rasulullah mendandani, karena Aku kekasih, dibuat Pangeranku, untu seluruh sifat, menghidupkan segala kesatuan, iya Aku iya Allah ya Muhammad.
46. Guru tiga asru mojar, Sira wani angakoni, tunggal wujud lan Pangeran, apa kuwasamu kuwi, Gatholoco nauri, Ngawruhi dadine lêbur, kalawan pêparêngan, karsane Kang Maha Suci, ingsun dhewe tan kuwasa apa-apa.Guru tiga keras berkata, Kamu berani mengakui, satu wujud dengan Tuhan, apa kuasamu itu, Gatholoco menjawab, tahu jadinya lebur, dengan ijin, kehendak Yang Maha Suci, aku sendiri tak kuasa apa-apa.
47. Ragengsun wujuding Suksma, angawruhi ing Hyang Widdhi, tumindak karsanira Hyang, aweh mosik liya mami, Muhammad kang nduweni, pangucap paningalingsun, pangganda pamiyarsa, dene lesan lawan dhiri, kabeh iku kagungane Rasulullah.Ragaku wujud Suksma, terlihat oleh Hyang Widdhi, bertindak atas kehendak Hyang, mampu bergerak selain aku, Muhammad yang memiliki, pengucapan penglihatanku, penciuman pendengaran, lesan dan pribadi ini, semua itu milik Rasulullah.
48. Ingsun ora apa-apa, mung pangrasa duwek-mami, iku yen ana sihing Hyang, yen tan ana sihing Widdhi, duwekingsun mung sêpi, basa sêpi iku suwung, tan ana apa-apa, lir ingsun duk durung dadi, têtêp suwung ora wêruh siji apa.Aku tidak apa-apa, hanya perasaan aku punya, itu jika ada kasihnya Hyang, jika tak ada kasih Widdhi, milikku hanya sêpi, arti sêpi itu kosong, tak ada apa-apa, seperti aku saat belum jadi, tetap kosong tak tahu apa-apa.
49. Abdul Jabar nulya mojar, Sira iku angakoni, wujudmu wujuding Suksma, ing mangka ragamu kuwi, kêna rusak bilahi, ora langgêng sira wutuh, Gatholoco angucap, Ingkang rusak iku bumi, kalimputan wujud-mami lan Pangeran.Abdul Jabar lantas berkata, Kamu itu mengakui, wujudmu wujud Suksma, padahal ragamu itu, kena rusak celaka, tak langgeng kamu utuh, Gatholoco berkata, Yang rusak itu bumi , terselimuti wujud-Ku dan Tuhan.
50. Ingsun Ingkang Maha Mulya, tan kêna rusak bilahi, ingkang langgêng swarga mulya, Kyai Guru anauri, Yen mangkono sireki, wêruh pêsthine Hyang Agung, kang durung kalampahan, Gatholoco anauri, Wêruh pisan pêsthine mring raganingwang.Diriku Yang Maha Mulia, tidak terekna rusak dan celaka, yang langgeng surga mulia, Kyai Guru menyahut, Jika demikian kamu ini, tahu takdirnya Hyang Agung, yang belum terjadi, Gatholoco menjawab, tahu benar kepastian terhadap tubuhnya aku.
51. Ingsun pêsthi awakingwang, wayah iki dina iki, jêjagongan lawan sira, mêngko gawe pêsthi maning, kang durung den lakoni, kanggone mêngko lan besuk, supaya aja salah, dadi ora kurang luwih, lamun salah ngrusak buku sastra angka.Aku pastikan badanku, saat ini hari ini, duduk bertemu dengan kalian, nanti buat kepastian lagi, yang belum dilakukan, untuk nanti dan besok, agar tidak salah, jadi tidak kurang tidak lebih, jika salah merusak kitab sastra angka.
52. Kalawan ngrusak gulungan, iku bangêt wêdi-mami, wêdi manawa dinukan, marang ingkang juru-tulis, mulane ngati-ati, gawe pêsthi aja kliru, Kyai Guru angucap, Kang durung sira lakoni, bêja sarta cilakamu besuk apa.Jika merusak gulungan, itu sangat takut aku, takut jika dimarahi, oleh juru tulis, makanya hati-hati, membuat takdir jangan keliru, Kyai Guru berkata, Yang belum kamu jalani, untung dan celakamu besok apa.
53. Aneng ngêndi kuburira, Gatholoco anauri, Kuburan wus ingsun-gawa, sabên dina urip-mami, kalawan ngudanêni, ning sawatês umuringsun, kalamun parêk ajal, sajroning rolas dina mami, lagya milih jam sarta wayahira.Dimanakah kuburmu? Gatholoco menjawab, Kuburku telah aku bawa, setiap saat dalam kehidupanku, serta aku tahu, pada batas usiaku, jika sudah dekat ajal, dalam dua belas hari, baru memilih jam dan saatnya.
54. Yen gawe pêsthi samangkya, papêsthene awak-mami, bokmanawa luwih kurang, susah anggoleki pêsthi, bêcike sabên lawan ari, anggawe papêsthen iku, manut sênênging driya, dadi ora kurang luwih, ora angel ora cidra ing sêmaya.Membuat takdir itu, takdir diriku sendiri, kalau lebih kurang, sulit mencari takdir, baiknya setiap hari, membuat takdir itu, ikut senangnya batin, jadi tidak kurang lebih, tidak sukar tak ingkar janji
55. Kyai Abdul Jabar ngucap, Pêsthine marang Hyang Widdhi, ingkang durung kalampahan, Gatholoco anauri, Iku pêsthening Widdhi, dudu pêsthi saking ingsun, Allahku sabên dina, anggawe papêsthen mami, anuruti marang kabeh karsaningwang.Kyai Abdul Jabar berkata, ketetapan Hyang Widdhi, yang belum terlaksana, Gatholoco menyahut, Itu ketetapan Widdhi, bukan ketetapan dari-ku, Allah-ku setiap hari, membuat ketetapan bagiku, menuruti kepada semua kehendak- ku.
56. Guru tiga sarêng ngucap, Gatholoco sira iki, nyata kasurupan setan, Gatholoco anauri, Bênêr pan ora sisip, kala ingsun dereng wujud, ana ing alam samar, tumêka ing jaman mangkin, setaningsun durung pisah saking raga.Ketiga Guru sama-sama berkata, Gatholoco kamu ini, nyata kesurupan setan, Gatholoco menjawab, Benar memang tidak salah, saat aku belum ada, ada di alam samar, hingga di jaman sekarang, setanku belum pisah dari badan.
57. Basa setan iku seta, asaling bibit sakalir, wujudingsun duk ing kuna, punika asale putih, lamun durung mangrêti, iya iku asal ingsun, purwa saking sudarma, tumêka kalamullahi, sayêktine ingsun asal Kama Pêthak.Setan itu berasal dari putih, bibit semua manusia, wujudnya pertama kali, berwarna putih, maka ketahuilah, itulah asal-ku, berasal dari orang tua laki-laki, hingga aku harus lebur, sesungguhnya aku.
58. Mênêk Guru têlu sira, Kama Irêng ingkang dadi, dene buntêt tanpa nalar, Abdul Manap duk miyarsi, mojar mring Ahmad Ngarip, Abdul Jabar Yen sarujuk, wong iki pinatenan, lamun maksih awet urip, ora wurung ngrusak sarak Rasulullah.Akan tetapi kalian ketiga Guru, Kama Irêng asal kalian sehingga bodoh tanpa nalar! Abdul Manap begitu mendengar, berkata kepada Ahmad Ngarip, serta kepada Abdul Jabar Jika kalian setuju, kita bunuh saja orang ini! Jika masih tetap hidup, tidak urung akan merusak syari’at Rasulullah.
59. Iku wong mbubrah agama, akarya sêpining masjid. Gatholoco asru ngucap, Den enggal nyuduk mring mami, sapisan nyuduk jisim, pindho bathang sira suduk, ya ingsun utang apa, arsa mateni mring mami, saurira Mung lêga rasaning driya.Orang ini merusak agama, bakal membuat sepinya masjid, Gatholoco keras berkata, Segeralah tusuk Aku, pertama tusuk tubuh, kedua bangkai kamu tusuk, ya aku hutan ada, hendak membunuh aku, jawabanmu hanya lega rasanya batin.
60. Krana sira ngrusak syara’, Gatoloco anauri, syara’ tan kena rinusak, pinesti dening Hyang Widdhi, syara’e, yen mangan lebokna silit, iku tetep aran janma ngrusak syara’.Karena kamu merusak syari’at, Gatholoco menyahuti, syari’at tk bisa dirusak, kepastian oleh Hyang Widdhi, syariatnya, kalau makan masukkan dubur, itu tetap namanya manusia merusak syari’at.
61. Dene bangsane agama, sasênêngne wong ngaurip, sanajan agama Cina, lamun têrus lair batin, yêkti katrima ugi, Guru têlu agamamu, iku agama kopar, agamaku ingkang suci, iya iku kang aran Agama Rasa.Semua agama, terserah kepada pribadi masing-masing, walaupun agama berasal dari Cina, apabila mantap lahir batin, pasti diterima, agama kalian, itu agama sombong, agamaku yang suci, inilah yang disebut Agama Rasa.
62. Têgêse Agama Rasa, nuruti rasaning ati, rasaning badan lan lesan, iku kabeh sun-turuti, rasaning lêgi gurih, pêdhês asin sêpêt kêcut, pait gêtir sadaya, sira agama punapi, saurira Agamaku Rasulullah.Maksud Agama Rasa, mengikuti rasa hati, rasa badan dan lidah, itu semua aku turuti, rasa manis gurih, pedas asin sepat kecut, pahit getir semuanya, kalian agama apa, jawabmu Agamaku agamaku Rasulullah.
63. Gatholoco asru ngucap, Patut sira tanpa budi, aran ra punika raras, sul usul raras kang sêpi, sul asal têgêsneki, mulane sireku kumprung, Guru tiga miyarsa, sigra kesah tanpa pamit, sakancane garundêlan urut marga.Gatholoco keras menyahuti, Pantas kalian tanpa budi, tidak mengamati rasa diri, mengamati asal usul rasa yang sepi, asal usul itu maknanya, makanya kalian bingung, Guru tiga mendengar, segera pergi tanpa pamit, seluruhnya menggerutu sepanjang jalan.
64. Sangêt dennya nguman-uman, Ahmad Ngarip muwus aris, Abdul Jabar Abdul Manap, salawasku urip iki, aja pisan pisan panggih, kalawan wong ora urus, manusa tan wruh tata, jroning ngimpi ingsun sêngit, yen kapêthuk sun mingkar tan sudi panggya.Teranat sangat mengata-ngatinya, Ahmad Ngarip berkata pelan, Abdul Jabar Abdul Manap , selama hidupku ini, jangan sekali-kali bertemu, dengan orang tidak benar, manusia tak tahu etika, didalam mimpi aku sengit, jika bertemu aku menghindar tak sudi bertemu.
65. Gatholoco kang tinilar, aneng ngisoring waringin, rumasa yen mênang bantah, mangkana osiking galih, bangêt kêpati-pati, angêkul sameng tumuwuh, Sun-kira luwih manah, pangawruhe Guru santri, dene iku isih bodho kurang nalar.Gatholoco yang ditinggal, di bawah pohon beringin, merasa kalau menang debat, begitu kata hatinya, sangat benar-benar, seperti keong pada tumbuh, aku kira lebih luas, pengetahuan Guru santi, ternyata masih bodoh kurang nalar.
66. Durung padha durung timbang, yen tinandhing kawruh-mami, durung nganti ingsun-gêlar, kawruhku kang luwih edi, prandene anglangani, kalah tan bisa samaur, yen mangkono sun-kira, ingkang muruk tanpa budi, iku nyata setan ingkang menda janma.Belum semua belum timbang, bila dibanding pengetahuankku, belum sampai aku gelar, pengetahuanku yang lebih unggul, pada kenyataannya, kalah tak bisa menjawab, jika demikian kukira, yang mengajar tanpa budi, itu nyata setan yang menjelma manusia.
67. Lamun wulange manusa, mêsthine pada mangrêti, mring duga lawan prayoga, aywa karêm karya sêrik, mulane kudu eling, eling marang Ingkang Asung, asung urip kamulyan, upayanên den kapanggih, yen pinanggih padhang têrang sagung nalar.Jika ajarannya manusia, pastilah pada memahami, tentang baik dan buruk, tidak suka suka menghakimi orang, karenanya harus ingat, ingat kepada Yang Memberi, memberi kemuliaan hidup, carilah hingga ketemu, jika ketemu terang seluruh pikiran.
68. Yen padhang têgêse gêsang, lamun pêtêng iku mati, janma ingkang duwe nalar, aran manusa sujati yen luwih wus ngarani, agal myang alus cinakup, tan kaya Guru tiga, bodhone kêpati-pati, cupêt kawruh pêtêng nalar maknanira.Jika terang artinya hidup, jika gelap itu mati, manusia yang punyai nalar, itulah manusia sejati,jika unggul sudah disebut, kasar dan halus tercakup, tak seperti ketiga Guru, bodohnya keterlaluan, sempit pengetahuan gelap nalar maknanya.
69. Gatholoco gya lumampah, têtêmbangan urut margi, kêbo bang kagok (sapi) upama, ‘sapi- san’ maning pinanggih, bibis alit ing tasik (undur-undur), ora ‘mun-dur’ bantah kawruh, pêlêm gung mawa ganda (kuweni), kawuk ingkang menda warni (slira), bêcik ingsun ‘ngênte-ni’ lan ‘ura-ura’.Gatholoco segera berjalan, menembang sepanjang jalan, kerbau merah kagok umpama, sekali lagi bertemu, bibis kecil di pantai, tidak ‘mun-dur’ berdebat pengetahuan, mangga besar dengan bau, kawuk yang berganti rupa, baik aku menanti sembari berdendang.
70. Gude rambat (kara) puspa krêsna (tlasih), ‘mani-ra’ pan ‘i-sih’ wani, witing pari (dami) enthong palwa (wêlah), ora nêja ‘ka-lah ma-mi’, araning wisma paksi (susuh), ‘mung-suh’ sira guru pêngung, parikan ulêr kambang (lintah), ingsun sênêng ‘ban-tah’ ilmi, wêlut wisa (ula) tininggal atiku ‘gê-la’.Gude rambat daun hitam, diriku sungguh masih berani, batang padi centhong perahu, tak akan kalah diriku, nama rumah burung, bermusuhan kalian guru bodoh, parikan ulat kambang, aku suka berbantahan ilmu, belut berbisa ditinggal hatiku kecewa.
71. Mendhung pêthak (mega) kunir pita (têmu), ‘muga-muga têmu’ maning, têpi wastra rinumpaka (kêmadha), banjur ‘pa-dha’ maring ngêndi, kayu rineka janmi (golek), apa ‘golek’ guru jamhur, sarkara munggeng tala (madu), arsa den ‘a-du’ lan mami, wadhung rêma (cukur) malah ‘so-kur’ yen mangkana.Mendung berwarna putih (MEGA) kunyit merah (TÊMU), ‘semo-GA bertê-MU’ lagi, pinggir kemben yang dirias (KÊMADHA), lantas ‘pa-DHA (sama)’ kemana semua? Kayu yang dibuat seperti wujud manusia (GOLEKAN), apa mau ‘GOLEK (mencari)’ Guru terkenal? Cairan manis diatas pohon (MADU), hendak ‘di-ADU’ dengan aku, cangkulnya rambut (alat CUKUR) malah ‘syu-KUR’ jika memang begitu.
72. Jangkrik gung wismeng kêbonan (gangsir), manira ora ‘guming-sir’, bêbasan putrane menda (cêmpe), ‘sakarê-pe’ sun-ladeni, jamang wakul (wêngku) upami, angajak apa ‘sire-ku’, duh lae putêr wisma (dara), nganggo ‘si-ra’ mêjanani, kênthang rambat (katela) sanajan rupaku ‘a-la’.Jangkrik bertubuh besar berumah dikebun (binatang GANGSIR), diriku tidak akan ‘guming-SIR (mundur)’, anak kambing (CÊMPE), ‘sakare-PE (semaunya)’ aku layani, mahkota tempat nasi (WÊNGKU), mau mengajak apa ‘sire-KU (dirimu)’, burung Puter yang suka dipelihara (burung merpati atau DARA), sehingga ‘si-RA (kamu)’ menghinaku, buah kentang yang merambat (KÊTELA) walaupun wajahku ‘a-LA (jelek)’.
73. Mênyawak kang sabeng toya (slira), ‘praka-ra’ mung bantah ilmi, wulu bauning kukila (êlar), kabeh ‘na-lar’ sun tan wêdi, sayêkti pintêr mami, tinimbang lan sira guru, kaca tumraping netra (têsmak), ora ‘ja-mak’ mejanani, mulwa rêngka (srikaya) yen sira luru ‘sara-ya’.Biawak yang suka di-air (binatang SLIRA), ‘perka-RA’ tentang berdebat ilmu, bulu punggungnya burung (ÊLAR), segala ‘na-LAR’ (pengetahuan) aku tidak takut, pasti lebih pintar aku, daripada kalian para guru, kaca untuk mata (kaca mata atau TÊSMAK), ‘ora ja-MAK (tidak lumrah, sudah melampaui batas)’ penghinaan kalian, buah nangka yang gampang terbelah (buah SRIKAYA), jika kalian mencari ‘sara-YA (cara)’.
74. Kêmadhuh rujit godhongnya (rawe), aywa suwe sun-anteni, guru ngêndi srayanira, najan jamhur luwih wasis, ingsun wani nandhingi, angayoni bantah kawruh, masa ingsun mundura, yeku karsane Hyang Widdhi, raganingsun yêktine darma kewala.Daun kemadhuh bergerigi (RAWE), jangan ‘su-WE (lama)’ aku nantikan, guru mana yang kamu andalkan, walaupun tersohor dan pintar, aku berani menandingi, melayani berbantah ilmu, tidak akan aku mundur, karena ini semua kehendak Hyang Widdhi, diriku hanya sekedar menjalani.
5. Gatholoco sukeng driya, rêrêpen alon lumaris, miling-miling mung priyangga, dumugi patopan mampir, manjing mring bambon linggih, ngambil klelet kang kinandhut, saglindhing dipun untal, ngrasuk badan anyêgêri, kraos gatêl astane ngukur sarira.Gatholoco senang dihati, berdendang sembari berjalan pelan, hanya sendirian saja, sampai disebuah tempat lantas mampir, masuk ke tempat madat dan duduk, mengambil candu yang di bawa, segelintir ditelan, merasuk badan menyegarkan, terasa gatal tangannya menggaruk tubuh.


[Bersambung]

©2021 Ikuti